Rabu, 21 Januari 2015

Geguritan (kapang)

Tema : Kapang
Kelingan

Luh sing tumetes ing pipi
Wes ra bisa tak tambani
Nalika kowe ninggalke janji
Janji setya kang kepati

Rasa rasane ati iki
Kayata balung tanopa isi
Nandang kangen sajroning ati
Marang kowe sing tak tresnani

Wes ra bisa tak apusi
Yen aku pengen nemoni

Apa pancen wes nasibku
Mendem rasa marang sliramu
Pengenku nyawang sliramu
Sing bisa gawe atiku rindu


By. Helena DA Sandra